Paskahan Bareng Maria Magdalena

Nganti sepréné rasané riyaya Paskah, wungu Dalem Sang Kristus kalah regeng katimbang pahargyan Natal, Wiyosan Dalem Sang Timur. Kamangka sejatiné Paskah iku kekeran sing dadi dhasaring pengandel kita. Ewasemono, rasaku malah ana apiké, amarga ateges during patia diceclonèh dening gebyaring donya sing kaya-kaya ngajani lan ngajari blanja ora kira-kira. Basa populèré, konsumtif sing ateges “mengonsumsi lebih”. Mula yen riaya Paskah ora regeng, malah saya sepi karo prihatin marga Covid-19, ditampa waktu minangka kahanan sing mathuk kanggo nglelimbang kekeraning pengandel kita: Gusti wungu, ngalahake dosa lan pati.

Banjur kepriyé kekeran wungu Dalem mau kita lelimbang, rasakake lan repsepaké, awake dhewe isa nggatèkake sing tinulis ing Kitab Suci. Gandhèng karo kekerang wungu Dalem, crita-crita Kitab Suci isine bab patemon Gusti sing wungu para para murid Dalem utawa wong-wong sing cerak karo Gusti. Salah sijiné cerita Gusti ngatingal mara Maria Magdaléna, kaya kacritakaké ing Injil Yohanes (20:1-18). Bab Gusti ngetingal marang Maria Magdalena mono sing crita mung St. Yohanes. Penginjil liyane, St. Markus, St. Mateus lan St. Lukas ora paring crita bab iki. Gené kita owng katolik saumumé yeng krungu jeneng Maria Magdalena sing kelingan jejering wong wadon sing kebak dosa lan diapura. Pengalaman karohanen sing jero kaya mangkoni andadèkaké Maria Magdalena malih dadi wong utama lan dadi pandhèrèk Dalem Gusti sing setya. Mulane nalika ngerti yen Gusti seda, banget sedhih sungkawane lan krasa kélangan sakabèhé. Luh dlèwèran dadi basa lan tandha kang ngetokaké yeng banget kelangan.

Mala, miturut panglimbang lan pangrasake, Gusti ngetingal marang Maria Magdhaléna kejaba ngéléngaké manawa kita kabeh iku wong dosa sing mbutuhake katresnan Dalem Gusti sing dadi wosing kekeran Paskah, uga awèh tuladha mungguh kepriyé lan apa tegesé nampa kanugrahan mirunggan ketemu Gusti kang wungu mulya. Rawuh lan ngetingal Dalem paring panglipur sejati dalah daya kekuwatan ilahi kanggo nuwuh-ngrembakakaké kautaman-kautaman kita, klebu ing kahanan abot pageblug Covid-19 iki.

St. Yohanes kanthi cetha lan tliti njlèntrèhakè pengalamane Maria mau. Maria, nalika krungu jeneng akrabé kasebut ing patemon sing kelakon ing sareyan, cepet kelingan lan bisa nitik sapa priyayi sing nimbali kanthi cara mengkono mau. Celukan padinan wektu itu mesti baé agawé ati krasa mak nyes. Ya marga Gusti sing nimbali. Mendah kaya ngapa bungahe! Pengalaman kaya mengkono bisa agawe merining saben wong sing kepengin cerak Gusti. Bisa kita ngen-ngen lan rasak-rasakake kahaning ati lan pengalaman sing kamot sajroning swanten Dalem sing ndangu “Maria” mau. Sesrawungan sing jero banget, sambung sing banget raketé ketok urip lan agawe mbulat uriping geni tresna lan bungahing ati.

Maria dhéwé dadi luwih ngerti sapa sejatiné priyayi sing digoleki: Gusti pribadi. Kamangka yen ditlesih mundur, larah-larahe kabeh mau ya kawiwitan mung saka prakara lumrah. Maria nggoleki Gusti sing banget ditresnani lan sing wus seda. Njur Maria nggolèki Gusti sakatogé karo sedhihing ati. Klakon mangkono iku marga dheweke ketunggon rasa kepengin nduweni Gustine. Nadyan wus seda, paling ora – mbokmanawa ngono pikirané Maria – isih bisa nemokaké salirane kang sumaré. Oh, nanging jebol sing kelakon luwih saka pangangené lan karepé. Pambudidaya lan kepenginané dadi dalan nama kanugrahan mirunggan sing prasasat ora diimpi-impi. Gusti kang wungu mulya ngetingali. Patemon kebak ing berkah kaya ngéné iki bebasan, manungsa napak sakpecak, Gusti tindak tikel maewu-ewu paring berkah tekad lan kretekipun titah.

Prekara liya sing uga migunani lan perlu kita gatekaké anggoné Maria kepethuk Gusti, luwih-luwih anggoné dielingaké isih perluné ndandani supaya srawung lan sesambungane karo Gusti luwih resik lan suci. Pancèn bener manawa Maria wus apal karo swanten Dalem lan titèn mangertèni sapa sing nimbali. Ewa semono Maria ya ora terus dhong mangerti sawutuhe bab apa sing kira-kira dikersakaké krana Gusti ngetingal marang dhèwèké. Mula patemon lan pangandika Dalem Gusti iku kaya déné dadi pengilon sing nuduhaké manawa awaké dhéwé kabeh ya padha-padha wong dosa sing saben-saben sowan Gusti ana peranganing urip kita sing isih kudu didandani. Kaya Maria, kita kabeh asring isih kanggonan pepenginan lan milik sing ora resik, banjur sok ora ngerti sabenere apa tegesé kanugrahan rawuh Dalem Gusti kang wungu lan kepriyé samesthiné patrap kita lan anggoné kita nyurasa. Kaya ing Latihan Rohani St. Ignatius Loyola katulis mangkéné: “Awit saben wong kudu nganggep mengkéné: wong iku mung bakal maju ing bab-bab rohani apa baé, saukur karo anggoné wis luwar saka tresna dhiri, kekarepan lan butuhé dhéwé” (Latihan Rohani 189b). Iku tegesé kaya Maria, awaké dhéwé isih kudu diwulang dan dituntun lelandhesan pengalaman katresnan Dalem kang tansah urip lan diurip-urip.

Sing eling-eling manèh kira-kira jroning ngatingal Dalem, Gusti ngendika: Kepriyé ki kowe Maria, kok pengandelmu durung ketok? Mongsok cara caramu nggoleki aku kaya ngono? Kuwi isih kleru. Apa ora ngerti yen aku wungu? Ewa semono St. Yohanes ora nyathet kaya ngono lan Gusti ya ora ngono kuwi pangandikané. Sewalike sing dipirsani Gusti iku samubarang sing apik. Gusti tansah ngregani wijining kabecikan, nadyan pirsa kanthi cetha anané kasekengan.  Ya luwih-luwih wijining kabecikan kang sumebar lan tuwuh ing atine manungsa. Kaya-kaya Gusti uga ngajari cara-carané ngemataké, nyurasa lan ngertèni atiné manungsa. Kautaman lan kang sarwa apik kuwi kang kersa disuburake srana rawuh Dalem. Lha iki sing ateges Gusti wungu paring panglipur lan nguripaké kabeh sawernining kautaman lan njejegaké iman pengandelé sing kala mangsa miring utawa dhoyong, ora manteb luwih-luwih rikala ana kangèlan.

Ing prekara kaya ngéné beda karo awaké dhewé. Asring kita alami, dosa lan salah sing wus suwé banget, prasasat wus pitung keturunan waé isih diuthik-uthik didadèkaké prakara. Gusti ora ngono. Anané mung nresnani. Yèn Gusti nimbali nganggo jeneng akrabé, iku ateges kersa ngélingaké apa tegese nresnani lan ditresnani. Kanthi wungu Dalem lan ngetingal Dalem, Gusti paring piwucal kanthi ungguling katresnan kang kasok tumeking pati lan kanthi mengkono uga katresnan Dalem ngungguli dosa lan pati.

Dadi bener, manawa anggèn Dalem rawuh ngetingal ngasto kamulyan terus nuntun lan paring piwulang kanggo Maria. Patemon kang kebak ing rasa bungah mau ora mandheg rampung ing patemon. Maria isih dielingaké perluné terus ngambah dalan lan ndandani urip kang luwih sampurna. Maria isih dielingaké perluné martobat. Amarga sing jeneng martobat iku minangka dalan lan lakuning karohanén pancèn ora ana entèké. Kacetha rikala Maria sakatogé kepengin nyandhak Gusti, Gusti ngendika “Aja”. Gusti ngersakaké Maria luwih jero lan mentes anggone nyurasa srawung lan sambet Dalem. Kanggo iku, saranané kejaba tansah ngerti sapa dhiri pribadiné lan sapa Gusti, Maria kaparingan srana, yaiku martakaké pengalaman mirunggan Gusti wus wungu mulya lan kersa ngetingal marang Maria. Dadi apa sing diarani pengalaman karohanèn, nampa kanugrahan Dalem, iku ora isa dipèk dhewé. Brana karohanèn iku ora digegeki kaya barang kadonyan hasiling korupsi. Ora! Kanugrahan Dalem Gusti iku mesti didum. Prekara iku cetha kaserat ing pungkasaning crita. Maria kautus martakakéka bar bungah manawa Gusti wungu mulya marang sedulur lan para kanca.

Ayo, paskahan karo Maria Magdalena. Sing ateges nampa pawartané Maria lan ngrasuk kabungahan Maria kang metu saka pengalaman karohanèn Gusti ngetingal, Gusti kang wus wungu mulya.

Kiraku, ora ana cara sing luwih migunani lan bisa ndayani urip ngluwihi cara tansah nglelimbang lan ngrasak-ngrasakaké uga ngresep-ngresepaké maneh sambung raketé dhewé karo Gusti lelandhesan pengalamaning katresnan, embuh sing ateges ngrasaké ditresnani Gusti utawa uga katimbalan ngrembakaké katresnan mau. Mirengaké timbalan Dalem, kanthi patrap tansah sumadya nampa piwulang Dalem, methik wohing patemon, kabeh mau bisa kadadekaké daya sumbering pawarta jronging urip lan daya mbangun urip anyar kanthi ati manteb marga Gusti wungu mulya. Lan saben-saben ngrasakaké kautaman kita tuwuh sangsaya kuwat, kaya-kaya Gusti wungu ngatingal marang aku. Gusti wungu orang mung biyen ing jamané, nanging iya saiki, ing kahanan lan kasunyatan padinan.

Seminari Menengah St. Petrus Canisius Mertoyudan
Minggu Suci 2020

A. Sardi S. J.

Similar Posts